Read more: http://smartbekantan.blogspot.com/2009/05/tulisan-berjalan-di-address-bar.html#ixzz1ErIsIksz

Kamis, 16 Desember 2010

Sesorah Basa jawa

Kamardhikan (kemerdekaan)

Assalamualaikum Wr.Wb.
Dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang minulya lan para mitra sedaya ingkang kula tresnani
Puja lan puji syukur kula sami ungunjukaken dhumateng ngarsanipun Alloh SWT. Para rawuh sedaya, saderengipun kula aturaken maturnuwun sanget, menawi kula dipun paringi wekdal sesorah sekedhik punika ingkang irah-irahane “kamardhikan”.
Kita kedah angunjungaken syukur dumateng Alloh SWT, ingkang sampun maringi kamardhikan kagem bangsa Indonesia. Kamardhikan punika dipun rebat kalian perjuangannipun para pahlawan, ingkang ngurbanaken jiwa raga kalian nyawa.
          Generasi mudha kados kita sedaya para siswa punika, ingkang sampun ngraosaken kamardhikan, satuhuning tansah ngisi kamardhikan kalian kagiyatan ingkang migunani. Tuladhanipun inggih punika sinau ingkang mempeng sanget, ngurmati guru lan kaliyan tiang sepah, rukun kekancan, tumindak ingkang sae, lan sapenunggalanipun. Nanging para siswa kathah ingkang mboten mangentos menawi kaliyan sinau punika sampun dados perjuangan dipun damel ngisi kamardhikan nerusaken perjuanganipun para pahlawan. Sampun ngertos kesed, utawi asring mbolos. Bangsa ingkang cerdas saged mangun bangsanipun piyambak. Pramila punika, para siswa, mangga nerusaken perjuanganipun lan gegayuhanipunpara pahlawan.
Para rawuh sedaya,
Kita mengeti kamardhikan mboten usah damel kagiyatan ingkang muspra. Kita tansah saestunipun ngisi kagem kemajuanipun bangsa. Bangsa ingkang sae inggih punika bangsa ingkang saged ngurmati, ngregani perjuanganipun para pahlawan.

Kula kinten cekap semanaten sesorah saking kula. Nyuwun pangaksami, mbok bilih wonten pangucapan ingkang awon, mboten trep ing penggalih.
Maturnuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar